Ora Ilang Merga Wektu
Dak wiwiti dina kanthi donga
Sliramu tansah sehat lan mulyo
Sadurunge kesupen
Lan ninggalake aku
Aku ora ngarep
Sliramu rindu kahananku
Kang nlangsakake
Aku mung pengin
Sliramu tansah eling aku
Amarga mung kanthi rasa iki
Kang ana ing sliramu
Aku meksa urip
Mung kanthi rasa ing atimu
Ana maknane aku urip ing dunya iki
Sliramu neng atiku
Selawase
Senajan sliramu
Ora bakal dadi nduweku
Lan siji
Angel anggone ngilangna
Sliramu saka atiku
Anda baru saja membaca artikel yang berkategori dengan judul "Contoh Puisi Bahasa Jawa". Anda bisa bookmark halaman ini dengan URL http://fathurrahmannuraziz.blogspot.com/2013/12/contoh-puisi-bahasa-jawa.html.
basa jawa basa padinan
BalasHapus