Mbakar Sarungipun Tanggane
Ing sawijining ndalu, dalemipun kulo dados panggenan kangge pengaosan. Pengaosan punika panggenanipun giliran saben kalih minggu. Sesampunipun pengaosan,kulo lan kanca-kanca kulo sami rubungan teng teras. Rubungan punika dipun sambi maem lan ngunjuk. Nalika wayah sampun ndalu, kancanipun kulo sami pamit wangsul. Kulo nyapu teras banjur tilem ing kamar.
Sesampunipun kulo tilem, inggih punika wayah 5 enjing, kulo teras sholat banjur nindakaken kagiyatan biasa yaiku nyapu teras. Nalika kulo mbikak lawang ing teras, kulo kaget amargi wonten tiang mboten waras saweg tilem kerodongan sarung ing teras. Saking kagetipun, kulo njerit radi seruh. Tiang mboten waras wau kaget banjur tangi. Ningali kulo teng ngajenge, piyambake mlayu banter banget. Piyambake ninggalaken barang ingkang dipun agem kangge tilem yaiku sarung.
Saking jijihipun marang sarung wau, kulo banjur mbuwang dateng penampungan sampah ing ngajeng griyo. Enjing-enjing kulo mbakar sampah kalebet sarung wau. Nanging teksih wonten sampah ingkang teles, dados mboten kebakar sedoyo.
Sesampunipun mbakar sarung wau, manah kulo keraos ayem. Ujug-ujug tangganipun kulo dateng lan taken, “Njenengan mriksani sarungipun kulo nopo mboten?”. Kulo jawab “Mboten”. Tangganipun kulo crita menawi piyambakipun ngepe sarung nanging kelabas sare dados mboten saged ngentas kumbahanipun. Kulo kelingan, banjur mundhut lewihan bakaran sarung wau lan nidokaken, “Nopo kados niki sarungipun?”. “Enggih kados niku. Kados niku sarunge.” Jawab piyambakipun.
Kulo isin sanget sampun mbakar sarung sanes gadhehipun piyambak. Salajengipun, kulo crita marang tangganipun wau, kedadeyan nopo mawon ingkang kulo ngantos mbakar sarungipun.
G50-SMAN 1 Purbalingga
G50-SMAN 1 Purbalingga
Anda baru saja membaca artikel yang berkategori dengan judul "Contoh Cerita Pengalaman Bahasa Jawa". Anda bisa bookmark halaman ini dengan URL http://fathurrahmannuraziz.blogspot.com/2013/12/contoh-cerita-pengalaman-bahasa-jawa.html.
0 komentar
Posting Komentar